Humor Daplun Padha Lengobe

Bagol karo Bugel sing wis padha dadi bos agi padha dhopokan. Wong loro mau agi ncritakna supire dewek-dewek sing menurutte wong loro mau lengob-lengob.
“Supire inyong tuli lengob pisan,” Bagol ngomong.
“Apa iya,” Bugel semaur.
“Geh deleng baen sih,” Bagol ngomong kambi ngundang supire.
“Plu …Kemplu ngeneh,!” Bagol ngundang supire.
“Iya Bos,  ana apa?” Kemplu semaur kambi merek.
“Kiye ana duit satus ewu tulung tukokna mobil Merci nang showroom,” Bagol ngomong kambi aweh duit meng Kemplu.
“Siap Bos!” Daplun nampani duite banjur langsung mangkat.
“Iya mbok, apa sing tek omongna bener. Masa tek wai duit satus ewu arep nggo tuku mobil Merci, hahaha..,” Bagol ngomong kambi ngguyu.
“Lah kuwe sih durung apa-apa. Supire inyong lewih lengob maning, dela tek undang sit,” Bugel ngomong kambi ngundang supire.
“Ana apa Bos?” supir Daplun semaur.
“Jajal kowe bali meng umah ana inyong ora nang kana,” Bugel kongkonan meng Daplun.
“Siap Bos! inyong tek tilik umah ist ya,” Daplun semaur.
“Iya mbok, apa sing tek omongna bener. Masa tek kongkon kaya kuwe ya manut baen, genah-genah inyong nang kene,” Bugel ngomong.
Bar kaya kuwe boss loro mau banjur padha ngguyu ngakak ngasi guling-guling.
Ora sengaja supir loro mau Daplun karo Kemplu ketemu nang ndalan, wong loro mau banjur padha ngresula..
“Geh bosse inyong lengobe pol-pollan,” Kemplu ngomong.
“Lah ana apa sih?” Daplun takon.
“Lah inyong mau digawani duit satus ewu kon nggo tuku mobil merci, tapi kiye kan dina minggu, showroom mobil ya padha tutup, apa ora lengob nek kaya kuwe?” Kemplu ngomong kambi kaya mangkel.
“Nek kaya kuwe pancen bossmu kuwe gole lengob kebangeten, kaya bosse inyong ya padha baen,” Daplun ngomong.
“Lah emang Boss mu kenangapa?” Kemplu takon.
“Masa inyong dikongkon bali meng umaeh bosse, anu kur kon niliki nek bosse inyong kuwe nang umah apa ora. Padahal bosse inyong kan nggawa HP gari ditelpun sih ngapa, ndedekan kongkonan inyong, nyusahi wong baen,” Daplun ngomong kambi ngrundel.
“Dewek pancen senasib, duwe Boss pdaha lengobe,” Kemplu semaur karo nepuk nepuk pundake Daplun.(*)

Sumber : Dijiot Kang Radar Banyumasan

0 Response to " Humor Daplun Padha Lengobe"

Post a Comment