Daplun Rebutan Ayam

Ceritane kaya kiye. Sewijining dina pas Daplun nembe bali sekang kantor sawise kerja sedinaan kaya biasana Daplun terus golet mangan. Soale angger bali kerja kira-kira jam lima ngono kan pancen wis wayahe kencot, istilahe cara bahasa Indonesiane ya wis masa-masa kritis. Lah pas banget agi kencot-kencote ketemu warung makan sing nembe buka nang pinggir dalan. Langsung baen Daplun pesen karo bakule.

" Yu...inyong pesen maeme ndeleng karo lawuh ayam" Daplun pesen karo bakule.
Ora let suwe ndilalah mbok bejane Daplun, pesenane wis dijujugna digletakna nang meja ngarepe.
Ujug-ujug nang sandinge Daplun ana sing ngadeg terus mandengi Daplun karo mendelik kesuh, terus ngomong:

"Aja dipangan disit ayame, kuwe tolih ayame inyong wong inyong luwih suwe nunggune tinimbang kowe". omongane wong sing nang sandinge karo kesuh.

Daplun njawab " Ya ora baen, wong ayame disogna nang ngarepe inyong ya berarti kiye ayame inyong".

"Hoh kepengin rame kowe yah??!, wani nyekel ndase tek puntir ndasmu, wani nyekel cewiwine tek tugel tanganmu, wani ngemek sikile tek pothel sikilmu!" Ujare wong mau.

Ora kentongan akal, Daplun banjur ngadeg karo njunjung ayame terus didilati brutune.
"Kiyeh ayame wis tek dilati bokonge, jajal kowe wani apa ora ndilati bokongku???".


1 Response to "Daplun Rebutan Ayam"

  1. How to get to the BetMGM Sportsbook by Bus or Train via bus
    The 룰렛 following transit lines have routes that pass near 전라북도 출장샵 BetMGM Sportsbook. 보령 출장안마 · Pickup Nearby 전라북도 출장안마 Bus 경상남도 출장마사지 · Bus Line

    ReplyDelete