Mbah Daplun Medit Pisan

Sawijining dina Mbah Daplun ngasengi putune preinan. Senajan mbah Daplun tresna banget karo putune tapi mbah Daplun kiye medite pol.
Pas dolan nang lapangan terbang deweke weruh montor mabur, putune dadi nangis njaluk numpak montor mabur. Ditangisi nang putune Mbah Daplun takon meng pilote.
“Angger numpak montor mabur mubeng-mubeng nang daerah kene, inyong karo putuku kudu mbayar pira?” Mbah Daplun takon.
“Sejuta baen,” pilote semaur.
“Lah.. larang temen,” Mbah Daplun semaur.
“Ya kaya kiye baen, mengko angger mbaeh gole numpak anteng ora ngomong sepetil-petila apamaning ngorong-ngorong, duit sing sejuta tek balekna, malahan tek wai bonus duit sejuta kepriwe,” pilote ngomong.
“Oke inyong setuju,” Mbah Daplun ngomong kambi salaman karo pilote.
Mbarang kaya kuwe Mbah Daplun karo putune numpak montor mabur. Nang pilote montor mabure gole mabur digawe jungkir balik.
“Deneng durung ngorong-ngoroang ya hebat nemen, kiye wong ora keweden, jajal tek wolak walik maning ben keweden tuli mengko njerit-njerit,” batin pilote.
Tapi mbarang montor mabure gole mabur digawe ngebut terus mabur njengking, ngasikan kaya arep nunjel meng lemah tapi Mbah Daplun tetep anteng ora nana suarane babarblas.
Pas montor mabure mandeg nang ndarat pilote marani MBah Daplun karo mbalekna duit sejuta ditambah aweh duit bunos sejuta maning.
“Inyong salut banget karo Mbaeh, montor mabure wis tek gawe mabur ngasi wolak-walik tapi ora wedi babarblas,” pilote ngomong.
“Jan-jane inyong sih arep ngomong kawit mau, tapi wedi mbok kon mbayar sejuta dadi inyong mending meneng,” Mbah Daplun semaur.
“Lah mbaeh arep ngomong apa?” pilote takon.
“Putune inyong tiba pas montor mabur njengkang-njenking,” Mbah Daplun ngomong kaya ora duwe dosa.(*)
sumber : radarbanyumas

0 Response to "Mbah Daplun Medit Pisan"

Post a Comment